Suriname
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab lan Paragraf |
[sunting] Suriname
Republik Suriname iku ana ing bagian lor Amerika Kidul. Negari iki diwatesi karo Guyana Perancis ing wetan, Guyana ing kulon, Negara Brazil ing kidul, lan Samudra Atlantik ing lor. Negara iki salah sijining panggonan sing akeh wong Jawane, saliyane Indonesia lan Kaledonia Baru.
|
||||
Semboyan negara: Justitia - Pietas - Fides (Latin: Justice - Piety - Loyalty) |
||||
Basa negara | Basa Walanda | |||
Ibukota | Paramaribo | |||
Presiden | Ronald Venetiaan | |||
Wilayah - Total - persentase tirta |
Nomer 90 163,270 km² 1.10% |
|||
Penduduk
- Kepadhetan pedhunung |
Nomer 163
2.66/km² |
|||
Kamardikan - Tanggal |
Saka Walanda 25 November 1975 |
|||
Mata uang | Dollar Suriname | |||
Tlatah wektu | UTC -4 | |||
Lagu kabangsan | God zij met ons Suriname | |||
Internet TLD | .SR | |||
Kode Telepon | 597 |
[sunting] Sejarah Suriname
[sunting] Sejarahing Wong Jawa ing Suriname
Ananing wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculke karo ananing perkebunan-perkebunan sing dibuka ning kana. Samubare ora olehe perbudakan ning kana, lan wong-wong turunan Afrika dibebaske saka perbudakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda mulai nekakake para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilane dipanggonake ing Suriname taun 1880an lan dipekerjakake ing perkebunan gula lan kayu sing akeh ing tlatah Suriname.
Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akeh cara, nanging akeh sing dipaksa utawa diculik saka dhesa-dhesa. Ora cuma wong Jawa sing digawa, nanging ya akeh wong-wong saka Sunda, Batak, lan liyan tlatah sing keturunane dadi Jawa kabeh ning kana.
Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana dhesa jenenge Tamanredjo lan Tamansari, ana maneh sing ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sejatine tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahke karo samudra, iku sebabe Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonesia wis mardika, akeh wong Jawa sing ndhuwe arep balik ning Indonesia, lan mung sithik sing bener-bener isa balik, iku wae malahan ing tanah Sumatera lan tlatah-tlatah Indonesia liyane. Lajeng, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwenehi pilihan, panggah ing Suriname utawa melu pindah ing Walanda. Akeh wong Jawa sing akhire pindah ing tanah Walanda, lan liyane panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamane Islam, sanajan ana sing melu agama liyane nanging sethithik.
Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora oleh rabi karo anak putune wong sa'kapal utawa sa' jaji. Dadi wong sa'kapal sing digawa nang Suriname iku wis dianggep pasedhuluran lan anak putune ora oleh dirabi.
Wong Jawa Suriname cacahe nganti 15 persene wong Suriname.
[sunting] Dunya Politik ing Suriname
[sunting] Demografi (Cacahe Wong Suriname)
Warga Suriname cacahe kabeh ana 433.998 wong. Uripe akeh-akehane ana ing pinggir kali gedhe lan tlatah-tlatah cedhaking segara. Uga urip ing pusat-pusat perkebunan. Wong Suriname iku akeh maceme, lan paling akeh ya turunan saka India sing nganthi 37%ne warga, salajenge wong Kreol sing turunane para budhak Afrika, cacahe 31%. Ketiga iku wong Jawa, 15% banjur wong Maroon 10% (wong maroon iki turunaning wong budhak sing mlayu menyang alas-alas, lan cara uripe tansah kaya leluhure ing Afrika). Lan sisane ana wong Cina, Indian lan Walandha.
Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agama Hindu sing dipracayai karo wong India, agama Islam sing akeh dipracayai wong Jawa lan sebagian wong India, tur Kristen lan Katolik sing dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akeh wong sing nganut aliran Animisme.
Basa resmi sing diakoni ing Suriname ya Basa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggo Basa Sranan Tongo sing asline saka Basa Inggris, lan iku dhadi piranti wicaraning kelompok-kelompok ing kana. Saliyane iku, Basa Hindi, lan Basa Jawa diujarke karo kelompoke dhewe-dhewe. Uga ana basa-basa Indian kayata Karib lan Arawak, basa-basa Maroon kaya Saramaka lan Ndjuka.