Lambang Mangkunagaran
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Lambang Kadipatèn Mangkunagaran bentuké arupa tutup sirah, srengengé lan ing arepé tulisan "MN" ing aksara Latin. Banjur ing sisih kiwa ana ontéyan kapuk lan ing tengen pari. Rong ontéyan iki dadi siji kagandhèng karo pita werna abang-putih ing ngisor. Banjur ing tengahé ana jemparing lan gandhéwané.
Kupluk iki nglambangaké praja Mangkunagara. Banjur srengéngé lan sunaré mbokmenawa nglambangaké pangarepan. Tulisan "MN" iku cekakan saka "Mangkunagara". Banjur kapuk lan pari iki nglambangaké karaharjan. Pita werna abang putih iki nglambangaké kasucèn lan kawanèn. Jemparing lan gandhéwa iki nglambangaké rasa kasatriyan.
Motto Mangkunagaran iku "Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mélu andarbéni."