Aja dumeh
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Aja dumèh iku sawijining unèn-unèn Jawa sing artiné sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupeh wong sugih ngenyek sing mlarat, dupeh wong pinter ngenyek sing bodo, dupeh gagah utawa ayu ngenyek sing elek. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabeh menungsa utawa barang sing urip liyane pada baen.