Bathara Bayu
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bathara Bayu kuwi putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer papat, seka Dewi Umayi. Bathara Bayu uga sinebut Hyang Pawana. Pawana utawa bayu artine angin utawa kekuwatang.
Bayu lungguh ing kahyangan Panglawung. Garwane jenenge Dewi Sumi, putrine Bathara Soma. Putrane papat: Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sudarma, lan Bathara Bismakara.
Resi Dorna lan Prabu Drupada kuwi keturunane Bathara Bayu.
Saliyane anak papat iku, bathara Bayu uga nduwe anak karo Dewi Anjani kang wujud kethek putih, Anoman.
Ana ing pedhalangan, lakon wayang kudu dipungkasi dening wayang Bayu kang sinebut tayungan. Wayang Bayu kuwi ora kudu Bathara Bayu, nanging ana wayang-wayang kang pancen pinilih dening Bathara Bayu lan diangkat dadi putrane, yaiku :
Wayang-wayang kang mlebu ing wayang Bayu iki kabeh nganggo kampuh (kain) Poleng Bintuluaji. Kampuh iki wujude kothak-kothak kaya papan kanggo sekak (catur).
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon. --- Delengen uga Daftar Tokoh Wayang