Cakil
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita Mahabharata. Lumrahe metu nalika satriya metu, yaiku sawise gara-gara. Ing perangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artine pemudha seka gunung, lan lumrahe sing dadi tandhinge cakil nganggo jeneng "Bambang". Kayata: Bambang Irawan utawa Bambang Permadhi. Nanging ora mesthi tandhingane Cakil kuwi nganggo jeneng Bambang.
Ora ana jeneng kang pesthi kanggone Cakil. Umume nganggo jeneng Ditya, kang artine buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyane, tangan wayang Cakil bisa diobahke kabeh, kiwa utawa tengen. Untune sing sisih ngisor luwih maju.
Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yen ing wayang uwong, keprigelane Cakil dolanan keris iki nengsemake. Keris diuncal-uncalake kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasane, cakil bakal mati dening kerise dhewe.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.