Gong
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Gong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh, digawe saka tosan lan nduwe ukuran sing gede dhewe. Piranti iki biasane diso'ake neng mburi dhewe, digantung neng palang sing umum dihawe saka kayu ukuran gede. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Wujud
Wujude bunder, permukaane rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
[sunting] Swara
Gong nduwe swara sing gede dhewe lan nadane paling rendah dibanding nada piranti gamelan liyane.
[sunting] Fungsi
Gong ditabuh kanggo aweh tekanan ing bageyan tinentu (umume akhir) iringan musik gamelan, dadi jarang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh neng selang wektu tinentu.
Perangkat musik tradhisional iki saiki nduwe fungsi liya yaiki kanggo tandha peresmian utawa pembukaan acara.
[sunting] Uga pirsani
|
|
---|---|
Gongan: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong |