Karna
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Adhipati Karna iku putrana Bathara Surya lan Dewi Kunthi. Karna artine kuping, amarga laire seka kuping. Adhipati Karna isih sedulure Arjuna lan dadi ratu ing nagara Awangga. Dening Kurawa, Karna dibela. Nalika kuwi Pandhawa ngece Karna amarga dianggep anak kusir.
Mula ing perang Bharatayudha, Karna mbela Kurawa. Ksatria iki ngerti yen sejatine Kurawa kang salah. Nanging dheweke ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyen mbela dheweke. Ing perang kuwi, Karna bisa mateni Gathotkaca. Dheweke uga meh mateni Arjuna. Nanging panahe luput amarga Prabu Salya nyendhal jarane. Salya nalika iku dadi kusire Karna, kang sejatine mantune dhewe. Dene Arjuna dikusiri dening Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kene, Karna mati kena panahe Arjuna.
Adhipati Karna iku salah sijining tokoh wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik. Dheweke bisa kaanggep anti hero. Kaya dene Kumbakarna, Adhipati Karna asring dadi panutan ing perkara nasionalisme.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Bali Menyang: