Lambang Powiat Chrzanów
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Lambang Powiat Chrzanów iku awujud tamèng sing dipara loro ing sisih kiwa lan tengen.
- Sisih kiwa ana gambaré Elang Putih mawa makutha separo. Elang Putih iki lambang provinsi Malopolskie lan uga Lambang Polandia.
- Sisih tengen ana gambaré Santo Nikolas. Santo Nikolas digambaraké ngasta bal telu karo tekené. Santo Nikolas iku santo pangreksa kutha iki, mulané ana gambaré ing kéné.
Lambang iki lagi dienggo wiwit taun 1999.