Pecel Madhiun
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Pecel Madiun kuwi isine molah-malih manut wektu. Yen esuk, isine biasane paling sethithik. Lha yen pecel bengi, isine luwih pepak.
Biasane, pecel isine sayur sing digodhog: bayem, capar, kacang lanjar, lamtoro, kemangi, kembang turi. Bumbune bumbu kacang (ana sing pedhes, ana sing ora). Sok-sok ditambahi srundeng. Sing mesti ditambahi peyek kacang, utawa peyek teri, utawa lempeng (krupuk puli).
Pecel bengi isine kaya mau tapi ditambah empal utawa iso (usus) goreng.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.