Penyandra
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Penyandra iku digunaake kanggo pepindhan. Tembung candra nduwe teges rembulan. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.
Tuladha:
- Untuné miji timun : untuné tumata rata kaya wiji-wiji timun.
- Pundhaké nraju emas
- Bangkèkané nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit tawon.
- Alisé nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
- Matané ndamar kanginan : matané kaya damar (diyan) sing kena angin, riyip-riyip.
- Drijiné mucuk eri : drijiné kaya eri sing lancip-lancip.
- Lambéyané mblarak sempal : lambéyané kaya blarak sing sempal kena angin.