Sate Blora
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Sate Blora
Sate Blora mono ora pati beda karo sate saka tlatah liyane, yakuwi digawe saka
- daging sapi,
- daging wedhus utawa
- daging ayam.
Mung istimewane sate Blora kuwi, luwih luwih "sate ayam" e pancen mirasa banget, sebab bahan bakune saka daging pitik kampung sing isih enom (PBG=Pitik Baru Gedhe), dadi iwake ya ora alot. Sejene kuwi, sing marakake luwih mirasa amarga disajekne panas panas. Yen wis rada adhem, cepet cepet dijupuk karo bakule terus dipanasi maneh. Lha mengko kari di etung sujenne sadurunge mbayar. Bumbune sambel kacang biasa,ditambah kecap, di nehi jinten sithik. Paling cocok yen segane dinehi kuah soto encer sing rupane kuning. Pancen uenaak tenan!!!
[sunting] Neng endhi pangggonane??
Yen ing Blora, pancen yo asline!! Dadi rasane ya pancen luwih enak. Biasane di dhasarke ing Koplakan (Terminal), ing Dhepot Gajah lan sawetara panggonan liyane (Sate Pak Samiran) Jl Pemuda? Blora.
Yen ing Jakarta, antara liya ana ing:
Sate Tujiro, Jl Pakubuwono 6 HP 08164808712
Klapa Gading, Tlp. 8621387 lan HP 0812 8045094
Sate Pak Agus Klender
Uga ing panggonan liyane kayata ing Roxi, Kalibata lll.
Yen in Surabaya ana ing Dalan Pacar Keling (Pasar Pacar Keling mangulon)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.