Balai Pustaka
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Balai Pustaka utawa Balé Poestaka iku jeneng penerbitan kang pisanané diadegaké déning pamarentah Walanda ing éra 1920-an. Penerbitan iki diadegaké kanggo nglawan tulisan-tulisan anti-Walanda kang sumebar ing Indonesia. Akèh-akèhé isiné mbeneraké wong Walanda.
Ing pisanané, basa kang dienggo yaiku basa Melayu, basa Jawa, basa Madura, lan basa Sundha. Ing éra pisanan iku, sing paling akèh nganggo basa Jawa. Dasawarsa iki asring dianggep dadi wiwitane sastra Jawa modern wiwit sumrambah, antara liya buku Serat Rijanta.
Ing Sastra Indonesia, wektu kuwi uga banjur kondhang kanthi sebutan Angkatan Balai Pustaka. Akèh sastrawan Indonesia kang kawentar ing angkatan iki, antara liya Siti Noerbaja anggitané Marah Roesli, Salah Asuhan anggitané Abdul Muis.