Chempala
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Chempala iku salahsiji tabuh ing pagelaran gamelan sing digawe saka kayu.
[sunting] Jinis lan ukuran
Ana chempala sing kanggo nabuh kothak uga ana sing kanggo nabuh kepyak. Sing gede ukurane sekitar 20 Cm, diametere 5 Cm, sing luwih cilik ukurane separone.
[sunting] Fungsi
Chempala ditabuh ing sisi kothak kanggo isyarat tinentu nggo nayaga. Yen dhalang lagi sibuk nyekel wayang, chempala sing dienggo sing ukurane luwih cilik lan dijepit ing sikile.
|
|
---|---|
Gongan: Gong (Ageng | Suwuk) | Kempyang | Kethuk | Kempul | Kenong |