Kabupaten Adikarta
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kabupaten Adikarta iku salahsiji kabupaten jaman mbiyen sing saiki dhaerahe digabung karo kabupaten Kulonpraga, Yogyakarta. Kabupaten iki sejatine wilayah kakuasaan Kadipaten Pakualaman neng sisih kulon Yogyakarta. Sejatine, dhaerah iki diarani dhaerah Karang Kemuning ning lantes diobah dadi Adikara.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Taun 1813, wektu Pangeran Natakusuma utawa Paku Alam I mbangun Kadipaten Pakualaman, salah siji dhaerah kakuasaane yaiku neng sisish kulon kali Progo sepanjang pante Kidul, Dhaerah iki uga biasa diarani Pasir Urut Sewu lan umume dhaerah rawa. Sejatine dhaerah iki kepisah-pisah ding akhire didade'ake siji lan dibentuk kabupaten yaiku kabupaten Karang Kemuning sing ibukuthane neng Brosot, Kulonpraga.
Taun 1877 ing jaman bupati R. Rio Wasadirdjo, ana prentah saka KGPAA Paku Alam V kanggo nggaringake wilayah rawa kanggo dibangun dadi persawahan sing subur (basa Jawa Karta).
[sunting] Bupati-bupati
Bupati-bupati kabupaten Adikara nganti taun 1951 yaiku:
- Tumenggung Sosrodigdoyo
- R. Rio Wasadirdjo
- R.T. Surotani
- R.M.T. Djayengirawan
- R.M.T. Notosubroto
- K.R.M.T. Suryaningrat
- Mr. K.R.T. Brotodiningrat
- K.R.T. Suryaningrat (Sungkono)
[sunting] Digabung dadi Kabupaten Kulon Praga
Tanggal 5 September 1945, Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Pakualam VIII ngeluarke amanat yen Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman dadi dhaerah istimewa karajan sing dadi bageyan negara Republik Indonesia. Lanjutane, taun 1951 lair kesepakatan antara Sri Sultan Hamengku Buwono IX dan Sri Pakualam VIII kanggo nyatuake kabupaten Kulonpraga (wilayah kakuasaan Kasultanan Yogyakarta) karo kabupaten Adikarta (wilayah kakuasaan kadipaten Pakualaman), kesepkatan iki ditrima dening pemerentah pusat lan ditetapake liwat UU Nomer 18 taun 1951 tanggal 15 Oktober 1951.