Kakawin Nirarthaprakreta
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Serat Nirarthaprakreta, punika kakawin, dados tembang mawi sekar ageng. Serat Nirarthaprakreta punika isinipun piwulang kawruh sepuh utawi uga dipunarani ngèlmu kasampurnan. Tembung punika uga dipunarani mistik. Kangge ngicipi isinipun, ing andhap dipuncaosaken sawetawis pethikan saking kitab punika ingkang sampun dipunjarwakaken ing basa Jawi samangké. Jarwinipun mawi basa krama.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pethikan
Mboten mekaten watekipun tiyang lumrah, ingkang dipun dèkèk ing angeng namun ingkang dados remenipun piyambak kemawon. Watekipun gething marang kapinteranipun tiyang sanes, sanjangipun, kapinteranipun piyambak mboten wonten ingkang saged ngungkuli. Dosanipun piyambak ingkang ageng dipun delikaken, dipun umpet-umpetaken supados mboten katingal tiyang sanès. Ananging menawi tiyang sanès ingkang lepat, sanadyan namung sakedhik kémawon, dipun uthik-uthik. Kaliyan malih, remen manahipun menawi ningali tiyang sanès ingkang saweg susah. Kaliyan mèri marang tiyang sanès ingkang papanggih kabingahan, dipun pados-padosaken supados dhawah wonten ing kasangsaran. Mojoki tiyang ingkang dedonga saha sembahyang luhur budiné, dipun owah-awèh dipun damel kapiawon. Duka sanget menawi dipun cacat, sanget bungahipun ngantos telas menawi dipunelem.
Warna-warni anggènipun nyamah marang tiyang sanès, tiyang ingkang sampun dipun arani becik manahipun, dipun nyana-nyana, mboten nganggé duduga anggènipun nyacad marang tiyang ingkang nindakaken kautaman. Ungelipun kaliyan gedhag-gedhig saha angremehaken: “Tiyang ingkang madosi Gusti Allah, kaliyan dhawah wungu, mubang-mubeng manahé, nggih punika tiyang bingung, bodho, sangsalané dene dèrèng ningali ing sajatinipun.”
Inggih punika sakedhik pethikan saking serat Nirarthaprakreta. Isinipun saged dipunarani saé sanget saha cetha gampil dipun ngretosi ungel-ungelipun.
[sunting] Pandamelan
Serat Nirarthaprakreta punika dipundamel ing taun 1381 Śaka utawi 1459 taun Masèhi, wonten ing dhusun aran Kañcana, sakidulipun Surabaya. Ingkang ndamel mboten dipun sumerepi.
[sunting] Sumber-sumber
- Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka, 1952, Kapustakan Djawi. Djakarta/Amsterdam: Penerbit Djambatan. Kaca 52-53