Karajan Kutai
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pambuka
Kerajaan Kutai utawa Kerajaan Kutai Martadipura (Martapura) iku kerajaan paling tua ing Indonesia sing peninggalan sejarahe lan termasuk kerajaan Hindu. Kerajaan iki dibangun sekitar taun 400 Masehi ing Kutai Kalimantan Timur dening maharaja Kudungga. Kudungga iku penganut agama Buddha ning keturunane dadi penganut agama Hindu.
[sunting] Sumber Sajarah
Peninggalan sajarah kerajaan Kutai sing misuwur yaiku 7 iji prasasti Yupa sing ditulis nganggo huruf Pallawa lan basa Sansekerta. Ing prasasti iki ana catetan yen Maharaja Kudungga iku pendiri kerajaan ini. Salah sijining keturunane yaiku raja Mulawarman (raja Kutai sing paling misuwur) tau nyelenggara'ake upacara sedekah 20.000 lembu kanggo para Pandita Brahmana ing Waprakeswara. Upacara iki dicatet para Brahmana ing prasasti Yupa. Ing salahsijining Yupa uga ana catetan yen Mulawarman tau nyelenggara'ake upacara korban emas kanggo para Brahmana. Uga ana catetan yen upacara Vratyastoma uga tau diselenggara'ake dening raja Aswawarman.
[sunting] Politik
Salahsijining keturunan raja Kudungga yaiku Aswawarman dadi penganut Hindu lan dianggep sebagai Wangsakerta utawa pendiri keluarga raja. Raja Aswawarman iku dianggep dewa Ansuman utawa dewa Srengenge.
Ing abad 16, kerajaan iki takluk karo Kerajaan Kutai Kartanegara liwat perang. Raja Kutai Martadipura terakhir yaiku Maharaja Dharma Setia tewas dening Raja Kutai Kartanegara kaping 13 yaiku Aji Pangeran Anum Panji Mendapa.