Maleakhi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kitab pungkasan Prajanjian Lawas iki ditulis déning nabi Maleakhi saka abad kaping-5 sadhurunge Masehi, sawise Baitallah ing Yerusalem dibangun manèh. Buku iki utamané dikarepaké kanggo asung daya para imam lan rakyat supaya nganyaraké kasatyane kabèh ing janjine karo Gusti Allah.
Wis cetha yen mrosote kauripan lan cara ngibadah umat Gusti iku kadaden tenan. Para imam lan rakyat ngapusi Gusti Allah: Kabèh padha ora nyaosi Gusti Allah apa-apa sing kudu dicaosaké marang panjenengané lan ora urip manèh manut tatacara sing wis dhawuhané Gusti.
Anging Gusti Allah bakal rawuh manèh kanggo ngadili lan nyucèkaké umat-E. Panjenengané kersa ngirimake duta panjenengané kanggo nyiapaké dalan lan ngwartaaké Janji Gusti.