Prasasti Mantyasih
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Prasasti Mantyasih ana loro, Mantyasih I lan II. Loro-lorone tinulis ing lempeng tembaga.Prasasti tinulis ing jaman Watukura Dyah Balitung, nalika angka taun ngancik 907 M.
Kanggone wong Magelang, utamane desa Meteseh, prasasti iki dianggep wigati. Seka Prasasti Mantyasih I, Prasasti Gilikan, lan Prasasti Poh, pamarentah netepake dina ulang taune kutha Magelang.
Ing tulisane, sinebut yen Desa Mantyasih didadeake sima. Dene raja-raja kerajaan Mataram Kuna uga dijlentrehke akeh ing kene, yaiku Sanjaya, Rakai Panangkaran, Rakai Panunggalan, Rakai Warak, Rakai Garung, Rakai Pikatan, Rakai Kayuwangi, lan Rakai Watuhumalang.