Timbul Hadiprayitno
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Timbul Hadiprayitno iku salah sawijining dhalang kondhang sing isih ngugemi pakem pedhalangan, khususé pedhalangan gagrag Ngayogjakarta.
Dhalang kelairan Bagelen, Purworejo, 20 Juni 1934 iki mung lulus Sekolah Rakyat. Wiwit cilik Timbul seneng wayang. Dhèwèké meguru karo akèh dhalang, ing antarané yaiku Wiji Prayitno (bapaké Hadi Sugito), Kasmono, Gondo Margono, Bancak, lan Nartasabda.
Kapinterané ing pewayangan nurun marang putra-putrané. Ana enem sing dadi dhalang.
Dhalang iki pinter ing sabetan, caturan, lan lakon. Sing paling asring yaiku lakon-lakon banjaran, yaiku lakon wayang sing nyritaaké lelakoné sawijining paraga seka lair nganti mati. Timbul uga salah sijiné dhalang sing bisa ngruwat.
Ing babagan sanggit (gawé lakon dhéwé), Ki Timbul wis gawé sawetara lakon, yaiku ing antarané Wahyu Harjadah, Wahyu Kembang Slombo, Wahyu Panca Purbo, lan Wahyu Mustika Haji.