Wibisana
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Satriya iki putrane Dewi Sukesi lan Begawan Wisrawa. Beda karo sedulur-sedulure (Rahwana, Kumbakarna, lan Sapakenaka, Wibisana ora awujud raseksa. Ing pedhalangan uga asring sinebut Gunawan Wibisana. Ing gagrag asline, jenenge Vibishana.
Nalika Rahwana nyulik Dewi Sinta, Wibisana ora sarujuk amarga ngerti yen sejatine Sinta iku putrine Rahwana dhewe. Pas isih bayi, bayine dilarung lan diganti bayi lanang, Indrajit. Mula, Wibisana banjur mbela Rama nglawan Rahwana. Amarga prastawa iki, Wibisana uga sinebut Arya Balik.
Garwane widadri, Dewi Triwati. Seka widodari iki entuk momongan loro:
- Dewi Trijata
- Dentawilukrama.
Amarga Alengka kalah perang, kerajaan iki banjur dipasrahake marang Wibisana. Nanging Wibisana banjur mindhah kratone amarga wis rusak. Kraton sing anyar ana ing Singgela. Nalika wis ngancik wektune, Wibisana diganti dening Dentawilukrama. Seka putrine, Dewi Trijata, Wibisana nurunake Jembawati kang dadi sisihane Sri Kresna. Kuwi ing pedhalangan. Ing crita asline, Ramayana lan Mahabharata ora ana gepok senggol.