Wikipedia:Aja mangu-mangu nyunting artikel
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Komunitas Wikipedia nganjuraké supaya ora mangu-mangu nyunting artikel. Wiki bisa tuwuh ngrembaka yèn komunitas sacara gotong-royong ndandani kaluputan, ngoreksi tata basa, nambahaké fakta, lsp. Anggepen wong liya bakal wani ngorèksi karyamu, mula kuwi pancèn kang dikarepaké. Coba élingana kaping pira waé panjenengan maca tulisan lan mikir, "Kena apa ya ora ana kang mriksa suntingan kaca iki?" Wikipedia ora mung ngidinaké bab kuwi, malahan menginaké panjenengan nambah, ngowahi lan nyunting artikel. Pancèn diperlokaké sopan santun sithik kanggo bab kuwi, nanging panjenengan mesthi bisa. Jajalen waé.
Yèn ana kang nulis sawijining artikel kang kualitasé èlèk, rintisan, ora nalar, aja kuwatir yèn panyuntingan kang mbok ayahi bakal nglarani atié. Korèksi, tambahké informasi, lan yèn isih tetep katon èlèk, ganti nganggo tembung lan kalimat liya kang miturut panjenengan luwih becik. Ya kuwi sifat dhasar Wiki.
Mesthi waé, élinga yèn wong liya manawa bakal tanpa mangu-mangu nyunting tulisan panjenengan. Aja dilebokaké ati. Wong-wong kuwi, kayadéné kita kabèh, mung kepèngin nggawé Wikipedia dadi luwih becik.
Cithakan:Wikipedia-stub