Bab I Piagam PBB
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab I Piagam PBB nggambaraké tujuan lan prinsip-prinsip organisasi Perserikatan Bangsa-Bangsa. Prinsip-prinsip iki klebu bab pepadha (equality) lan mandhirèng pribadi (self-determination) bangsa-bangsa lan kawajiban negara anggota matuhi Piagam PBB, kerjasama karo Dewan Keamanan PBB lan nggunakaké cara-cara damai kanggo ngrampungaké persengkétaan.
Pasal 2, ayat 3-4 intiné nglarang perang (kajaba béla dhiri) kanthi ukara, "Kabèh anggota kudu ngrampungké persengkétaan internasional kanthi cara damai saéngga perdamaian, keamanan lan kaadilan internasional ora kajlungup ing bebaya. Kabèh anggota PBB kudu mandheg (jroning hubungan internasionalé) saka nggunakaké ancaman utawa migunakaké kakuwatan tumrap integritas teritorial utawa kamardikan politik negara liya, utawa tindhakan liyané kang ora sarujuk karo tujuan PBB." (Hak kanggo béla dhiri ditegasaké manèh ing pasal 51, kang mratélakaké, "Ing Piagam iki, ora ana kang bisa ngilangaké hak individual utawa kolèktif kanggo béla dhiri yèn kadadéyan serangan nganggo gaman tumrap sawijining negara anggota PBB...."
Pasa 2, ayat 7 Piagam iki nandhesaké manèh yèn mung Dewan Keamanan PBB kang nduwèni kakuwasan kanggo meksa sawenèh negara kanggo ngayahi apa waé, kanthi pratélan: "Ora ana ing kandutan Piagam iki kang mènèhi kakuwasan marang PBB kanggo campur tangan tumrap urusan wigati jroning yurisdiksi domèstik sawenèh negara utawa njaluk supaya negara anggota ngajokaké urusan mau kanggo dirampungaké déning Piagam iki; nanging prinsip iki ora kena nyélaki (prejudice) panerapan kakuwatan kang kapacak ing Bab VII." (Mung Dewan Keamanan bisa migunakaké cara peksa kaya kasebut ing Bab VII).
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
Sistem PBB |
|
Resolusi PBB |
|
Program lan Agensi |
|
Gendera | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tanda Penghargaan |
Cithakan:UN Charter
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.