Bab VII Piagam PBB
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab VII Piagam PBB mratélakaké kakuwasan Dewan Keamanan PBB kanggo njaga perdamaian. Bab iki ngidinaké Dewan Keamanan kanggo "nemtokaké anané ancaman tumrap perdamaian, pelanggaran (breach)marang perdamaian, utawa tindhakan agrèsi, lan kanggo migunakaké aksi militèr lan non-militèr kanggo "mulihaké perdamaian lan keamanan internasional". Pasal kang paling misuwur ing Pigam PBB iki yakuwi pasal 42[1]:
- Yèn Dewan Keamanan PBB nimbang yèntindhakan kang disayogyakaké déning pasal 41 Piagam PBB ora bakal cukup utawa wis kabukti ora cukup, Dewan Keamanan bisa migunakaké tindhakan liwat kakuwatan udhara, segara, utawa dharat kang diperlokaké kanggo mulihaké perdamaian lan keamanan internasional. Tindhakan mau klebu demonstrasi, blokade, lan operasi liyané nganggo kakuwatan udhara, segara, utawa dharat saka negara anggota PBB."
Bab VII uga mènèhi tanggung jawab marang Komité Staf Militèr kanggo koordinasi strategis tumrap kakuwatan kang dipigunakaké déning Dewan Keamanan PBB. Komité mau dumadi saka Kepala Staf saka lima anggota tetep Dewan Keamanan PBB.
Larangan ing Piagam PBB tumrap negara anggota supaya ora nyerang anggota PBB liyané iku wigati kanggo njaga tujuan PBB kang diadegaké ing pungkasané Perang Donya II, kanggo nyegah perang.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Referensi
[sunting] Pranala jaba
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.Cithakan:UN Charter
Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
Sistem PBB |
|
Resolusi PBB |
|
Program lan Agensi |
|
Gendera | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tanda Penghargaan |