Bathara Kala
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bathara Kala iku putra Sanghyang Manikmaya. Bathara iki kondhang ing ruwatan sing magepokan klawan wong-wong sukerta. Kanggo ngruwat kudu dianaké tanggapan wayang kulit Lakon Amurwakala.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tembung kala
Kala nduwèni arti loro, yaiku:
- wektu
- déwa penasaran
[sunting] Lairé Bathara Kala
Kacaritaaké, Sanghyang Manikmaya lagi numpak Lembu Nandhini bareng Umayi, garwané. Ing ndhuwur samodra, Manikmaya sedya lambang asmara, ananging Umayi ora gelem. Kama kang metu banjur tumiba ing samodra lan dadi raseksa. Raseksa iku terus urip lan gawéyané mangan iwak-iwak samodra.
Sanghyang Baruna, panguwasa samodra, ngadhep Suralaya supaya raseksa mau disingkirké. Iba kagèté, jebul para déwa padha ora kuwawa nandhingi. Sing bisa ngalahaké yaiku ramané dhéwé, Manikmaya (Bathara Guru). Siyungé ditugel lan dadi keris Kalanadhah lan Kaladhita. Raseksa mau banjur diwènèhi jeneng Bathara Kala. Kanggo gantiné, Kala diwènèhi wenang mangan wong-wong sing lair sukerta lan sing lali ing urip pradinan. Ing bathuké, Bathara Kala diwènèhi Rajah Kalacakra. Sapa sing bisa maca rajah mau ora bakal bisa dipangan Kala.
[sunting] Kauripané
Bathara Kala urip bareng bathari Durga ing kahyangan Setra Gandamayit. Dhèwèké sing nurunaké raja-raja buta (raseksa). Ing pedhalangan, Bathara Kala bisa dikalahaké déning Bathara Wisnu. Raseksa iki sembrono lan seneng ngrusak apa waé tanpa mikir dawa.
[sunting] Delengen Uga
- Ruwatan
- Lakon Amurwakala
- Wong-wong sukerta
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.