Beograd
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Beograd (basa Serbia: Београд) yakuwi ibu kota sekaligus ibukutha budhaya lan pendidikan, ibukutha science lan ekonomi uga dadi kutha kang paling gedhé dhéwé ing negara Serbia (wiwit 2006), Serbia lan Montenegro (2003-2006) lan Yugoslavia (1918-2003). Kutha iki ambané watara 359,96 km² lan populasi kurang luwih 1,yuta jiwa. Dumunung ana ing tlatah sisih kidul wétan Eropa, yakuwi ana ing Semenanjung Balkan. Ing kutha Beograd iki Kali Danub utawa Kali Donau sing mili saka Eropa Kulon ketemu karo Kali Sava sing mili saka kulon, kang ngliwati Bosnia Herzegovina. Mayoritas pedunungé yakuwi bangsa Serbia sing agamané Kristen Orthodox. Basa sing dipigunaaké yaiku basa Serbia (Serbski) kanthi abjad Cirilyc. Dhuwit resminé dinar (dinara), nanging dhuwit Euro lan DM uga dienggo minangka alat pembayaran sing katampa ing sawenèh panggonan. Kode Aréa telepon kanggo telepon domestik yaiku 011 lan kanggo internasional ++381-11.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
[sunting] Wisata
- Skadarlija
- Museum lan Teater Nasional
- Zemun
- Nikola Pašić Square
- Terazije
- Benteng Kalemegdan
- Prince Michael Street
- Gedhung Parlemen
- Kuil Saint Sava
- Avala Monument
- Musoleum Tito
[sunting] Sumber
- Belgrade, by Slobodan Gulmac, Jugoslavenska Revija, 1989 ISBN 86-7413-046-1
- Yugoslavia, Jugoslavenska Revija,1990, ISBN 86-7413-066-6
- Yugoslavia, Jugoslavenska Revija, 1990, ISBN 7413-054-2
[sunting] Uga Pirsani
[sunting] Pranala Jaba
- (en) Situs resmi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.Cithakan:Eropa-stub