Daftar dina riyaya
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Masing-masing agama lan uga kepercayaan umum nduwe dina-dina tinentu sing dianggep istimewa lan umum disebut dina riyaya utawa lebaran. Peringatan kanggo dina-dina istimewa iku biasa dibarengi perayaan-perayaan uga ritual-ritual ngibadah sing rada beda karo biasane.
Ing Indonesia, perayaan dina-dina istimewa agama iki malah ngelairke budaya-budaya tinentu sing kadhang adoh kaitane karo nilai-nilai agama iku, contone mudik lebaran. Implikasi liya, yen pirang-pirang perayaan sing wektune rada bebarengan, misale Idul Fitri karo Natal, malah isa nimbulke pengaruh luas ing sektor-sektor liya misale, ekonomi, angkutan lan liyane.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Agama Islam
Dina riyaya Idul Fitri uga biasa disebut lebaran iku sejatine kanggo bersyukur sebab wis isa ngerampungke pasa ing wulan Ramadhan, mulane diraya'ake ing dina pertama wulan ngarepe (Syawal). Ing Indonesia ana budaya migrasi sing dadi tandha perayaan lebaran iki yaiku mudik kampung utawa mudik lebaran. Wong sing meranto neng kutha-kutha utawa daerah liya pada bali neng daerah asale utawa kampung halaman kanggo isa kumpul karo kabeh sedulur uga utamane wong tuane.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Fitri
Ing agama Islam uga ana dina riyaya liya sing uga penting yaiku Idul Adha utawa biasa disebut lebaran haji. Ing tlatah Jawa iki umum diarani Bada Ageng, malah neng dhaerah-dhaerah tinentu, dina riyaya kaji iki diraya'ake luwih meriah dibanding Idul Fitri.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Idul Adha
[sunting] Agama Kristen lan Protestan
Dina riyaya Natal iku dadi dina riyaya utama umat agama Kristen lan Protestan. Natal iku kanggo memperingati kelairan Tuhan Yesus lan mesthi diperingati neng tanggal 25 Desember saben taun. Santa Claus utawa Sinterklas iku dadi salah siji ciri dina riyaya iki. Seliyane iku uga anane wit Natal.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Natal
Dina riyaya Paskah iku diraya'ake umat Kristen kanggo memperingati wafat lan kebangkitan Yesus saka kematian.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Paskah
[sunting] Agama Hindu
Dina riyaya Galungan iku diraya'ake umat agama Hindu neng Indonesia utamane sing neng pulo Bali. Dina riyaya iki diraya'ake ing dina Rebo Kliwon.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Galungan
Dina riyaya Nyepi diraya'ake umat Hindu Bali pas ing taun anyar Saka. Iki dina riyaya pensucian yaiku pensucian Dewa-Dewa ing segara. Ing dina iki umat Hindu Bali njalanke ritual pemujaan suci kanggo Dewa-Dewa.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Nyepi
[sunting] Agama Buddha
Dina riyaya Waisak ing agama Buddha iku diraya'ake neng wulan Mei pas wektu padhang wulan utawa purnama sidhi. Dina riyaya iki kanggo memperingati kelairan uga wafate Siddharta Gautama uga kanggo peringatan wektu Siddharta Gautama berhasil dadi Buddha.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Waisak
[sunting] Agama Kong Hu Cu
Dina riyaya Imlek iku dina riyaya kanggo peringatan taun anyar Imlek lan diraya'ake suku Tionghoa. Ucapan salam Gongxi facai iku dituturke ing dina riyaya iki, uga umum ana budaya bingkisan angpao.
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Imlek
[sunting] Dina penting liyane
- Isra Miraj
- Maulid Nabi Muhammad SAW
- Taun Anyar Masehi
- Taun Anyar Hijriah
- Kenaikan Yesus Kristus
- Wafat Yesus Kristus
- Cap Go Meh
- Lan liya-liyane