Das Lied der Deutschen
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Das Lied der Deustchen iku lagu kabangsané Jerman, sing ditulis déning August Heinrich Hoffmann von Fallersleben ing 26 Agustus 1841. Mélodhiné (gubahan Joseph Haydn) dijupuk saka lagu kabangsan Austria nalika iku, Gott erhalte Franz den Kaiser ("Gusti muga slametna Kaisar Franz"). "Das Lied der Deutschen" tegesé "Laguné wong Jerman".
Fallersleben nalika nulis "Das Lied der Deutschen" iku nalika negara Jerman durung ana lan isih arupa pecahan negara-negara lan daérah cilik-cilik sing durung manunggal. Ing lagu iki, Fallersleben nyatakaké kapénginané kanggo ngwujudaké sawijining negara sing manunggal lan teguh. Baris kapisan lagu iki, ("Deutschland, Deutschland über alles, über alles in der Welt" (Jerman, Jerman sadhuwuring kabèh, sadhuwuring kabèh ing donya) bisa dipangertèni dadi sawijining pangarepan lan ajakan kanggo para priyayi Jerman ngusahakaké nyipta sawijining negara Jerman sing mawiji.
Sawisé Perang Donya I, kabèh telung pupuh (stanza) lagu "Das Lied der Deustchen" dinyanyèkaké minangka lagu kabangsan Jerman. Ing Perang Donya II, pihak propaganda Pasukan Sekutu nyebaraké cara ndheleng yèn tembung utawa ukara "über Alles" (sadhuwuring kabèh) ing baris kapisan cetha nudhuhaké watek Jerman sing agrésif lan seneng perang. Amerga iku, nganti sepréné, lagu iki didheleng miring déning kabèh sing tau sengsara déning Perang Donya II.
Mula lagu iki dilarang sawisé taun 1945 (sawisé Perang Donya II). "Das Lied der Deutschen" dibalèkaké dadi lagu kabangsan Jerman Kulon. Sawisé Jerman Kulon manunggal karo Jerman Wétan manèh ing 3 Oktober 1990, namung pupuh ka-3 sing digunakaké dadi lagu kabangsan. Pupuh kapisan lan kapindho ora dilarang, nanging ora olèh dinyanyèkaké ing acara-acara resmi manèh.
[sunting] Tèks lan alihbasa
Lirik ing basa Jerman | Terjemahan ing basa Jawa |
Deutschland, Deutschland über alles, über alles in der Welt, |
Jerman, Jerman sadhuwuring kabèh, Sadhuwuring kabèh ing donya, |