Dhialek Madiun
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Dialek Madiun iku dipigunake ing tlatah Jawa Timur Mataraman (perbatasan Jawa Tengah bagian tengah lan kidul). Tlatah kadipaten Mediyun utawa sing saiki eks Karesidenan Madiun (kota/kab Madiun, kab Ngawi, kab Magetan, kab Ponorogo, lan kab Pacitan) wilayah propinsi Jawa Timur, nanging sakdurunge proklamasi RI, wewengkone kraton Mataram (Jogja/Solo), mula dialek Mediun iku luwih cedhak karo dialek Jawa Tengahan tinimbang dialek Jawa Timur Suroboyoan. Dibanding dialek Jawa Tengah, ciri utamane ing intonasi. Wong Mediun sering menehi tekanan ing wanda pertama, contone "bocah kok kurang ajar banget" diucapake "byuh, byuh... buocah kok kuorang ajar men". Nanging ono tembung-tembung sing dadi cirine dialek Madiun:
gong, dong (Ponorogo, Pacitan) = durung
mboyak = mbok bèn = luwèh (Jogja), sakarepku/mu, (Betawi: biarin)
éram, jègèg = hebat
jingklong = nyamuk
édhuk = éthém = enak, kepenak
engkè = maeng = mau (Indonesia: tadi)
men = nemen = banget (ndonesia: sekali)
(nek kaget utawa nggumun): byuh... byuh
- Balik ing : Basa Jawa