Dhialek Surabayaan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Dhialek Surabayaan (uga diarani Boso Suroboyoan) yaiku dhialek Basa Jawa sing dituturna ana ing dhaerah Surabaya, Jawa Wetan. Ragam dhialek iki uga dituturna ana ing Sidoarjo, Gresik, Mojokerto, Pasuruan, lan sebagian Jombang. Basa Walikan Malangan kuwi salah sawijining variasi Dhialek Surabayaan.
Kanggo wong sajabane Surabaya (khususe Jawa Tengah), dhialek iki tergolong kasar, nanging egaliter. Dhialek Surabaya kuwi ora pati jelas bedane Basa Krama karo Basa Ngoko, terutama marang wong sing luwih tuwa.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Upaya pelestarian
Masiya umume wong Surabaya nganggo Boso Suroboyoan sadina-dinae, nanging nang sekolah murid-murid padha diajari Basa Jawa Tengahan. Iki marakna wong Surabaya kilangan jati dirine. Mulai taun 2003, Dhialek Surabayaan dipopulerna karo salah siji tivi swasta lokal JTV sing nggawe Boso Suroboyoan marang acara-acarane, termasuk acara berita, guneman (talk show), kuiz, bahkan sampek ndubbing film-film Hollywood, India, lan Mandarin nganggo Boso Suroboyoan.
Program acara iku mau digae nglestarekno boso Jowo Suroboyoan sing egaliter masiyo tetep kudu nggathekno undhak-usuke boso.
[sunting] Conto Boso Suroboyoan
- Yok opo kabare? = Kepriye kabare?
- Koen = Kowe
- Sampeyan, peno, awakmu = sampeyan, njenengan
- Peno ate nang ndhi? = Sampeyan arep nyang ngendhi?
- embong = dalan, ratan
- tekok = seko, soko
- mathek = mati
- Opo'o? = punapa, geneya?
- sithuk = siji
- Wis teko thA areke? = wis tekan tho bocahe?
- Wis tekoA areke? (coro Malangan)
Seni Ludruk sing asli Jawa Timur akeh-akehane yo nggae Boso Jowo Suroboyoan utowo Jowo Etanan. Daerah sing nggae boso etanan iki, yoiku daerah etan Kali Brantas ndhik Kertosono seseh etan, Jombang, Mojokerto, Lamongan, Gresik, Malang, Pasuruan, nganthek Jember.
[sunting] "Kromo" ambek "ngoko"
Ndhik Suroboyoan, kromo ambek ngoko kadang bedhane gak jelas , koyok ngene :
- Yok nopo sampeyan iki Pak? = Kepripun tha panjenengan niki?
Coro iki mau wis dianggep alus lan sopan.
- Opo'o dialusna ndhik Surabaya dhadi Nopo'o
Cara lafale Boso Jowo coro Suroboyoan utowo etanan iki yo rodhok bedho ambek Jowo Baku. Ono tenger-tenger sing iso didadekno conto.
- Pithik --> Ndhik Jowo Baku kewoco pite' , tapi nok Jowo Etanan kewoco pete'
- Udhut --> kewoco udot ndhik Jowo Baku, tapi kewoco odhot ndhik Etanan.
[sunting] Boso walikan
Malang yo ndhuwe boso slang sing diarani basa walikan yaiku basa Walikan Malangan, boso iki ambekan wis dadi ciri khase Malang.
[sunting] Uga pirsani
- Dialek Malangan
- Dhialek Lumajang
- Dialek Tengger
- Basa Osing Banyuwangen
Balik ing: Basa Jawa