Fiumicino
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Fiumicino kuwi kutha ing Provinsi Roma, region Lazio, negara Italia bagéan tengah, papan dumunungé airport Leonardo da Vinci kang nglayani ibukutha negara Roma. Jembar wewengkon 222 km2 lan cacahing pedunung 61.722 jiwa, kanthi kapadhetan 278,03 jiwa/km2. Déné komunitas kang wewatesan yakuwi: Anguillara Sabazia, Cerveteri, Ladispoli, lan Roma.
Fiumicino kuwi kutha pamancingan kang ramé ing panté Segara Tyrrhenian lan wis misuwur bab restoran-restoran panganan segarané. Kutha iki uga minangka laladan kanggo plesiran wong-wong Roma, utamané wektu mangsa panas.
Ana uga sawijining panté kang wedhiné ireng amarga ngandhut akèh zat wesi.
Jeneng kutha iki tegesé "kali cilik", nanging jeneng "Fiumicino" aja diklèrokaké karo Fiumicino, yakuwi sawijining kali cilik cedhak Rimini.
[sunting] Pranala jaba
- Situs resmi (Basa Italia)
- Situs ora resmi (Basa Italia)
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
Eropah | Italia | Latium (Lazio) | |
Frosinone | Latina | Rieti | Roma | Viterbo |
Regione (wilayah) Italia | |
---|---|
Regione biasa | |
Abruzzo | Basilicata | Calabria | Campania | Emilia-Romagna | Lazio (Latium) | Liguria | Lombardia | Marche | Molise | Piemonte | Puglia (Apulia) | Toscana | Umbria | Veneto | | |
Regione kanthi status otonomi spesial | |
Friuli-Venezia Giulia | Sardinia | Sisilia | Trentino-Alto Adige | Valle d'Aosta |