Wikipedia:Gambar pilihan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kaca iki kanggo macak gambar-gambar sing naté dadi Gambar Pilihan. Gambar kapacak gonta-ganti saben sewulan pisan. Saben panganggo bisa ngajoaké gambar pinilih ing kaca dhiskusi. Syarat-syaraté:
- Gambar sing éndah, impresif, lan ngandhut informasi.
- Gambar / foto kudu ora nglanggar hak cipta.
- Yèn bisa, gambaré nganggo resolusi dhuwur.
[sunting] Gambar Pinilih saiki:
Lambang Kabupaten Banyumas ditetepaké mawa Keputusan Menteri Dalam Negeri Republik Indonesia tanggal 20 Juni 1970 dadi lambangé Kabupaten Banyumas. Ing lambang ana tulisan candra sangkala "Rarasing rasa wiwaraning praja". Sangkalan iki nduwé teges 6-6-9-1 lan yèn diwalik dadi taun 1966. Saliyané iku sangkalan iki bisa dingèrténi kayadéné rasa sing sarasi saka praja iku lawang gapura kanggo ngleboni tlatah utawa negara sing diimpèkaké.