Wikipedia:Hubungi kami
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Bab Wikipedia
Wikipedia kuwi ensiklopedia isi bebas kang diwiwiti ing taun 2001 (versi basa Jawa diwiwiti ing taun 2004). Artikel-artikel ing Wikipedia minangka kasil kolaborasi déning para penyumbangsih saka saindhenging donya. Situs iki minangka situs wiki, kang tegesé sapa waé bisa nyunting artikel, ndandani lan nambah informasi, mung kanthi ngeklik pranala sunting kang dumunung ana ing ndhuwur saben kaca. (waca sajangkepé bab Wikipedia...)
[sunting] Isi artikel
Yèn ana isi artikel kang salah utawa panjenengan kepéngin nglengkapi isi sawijining artikel, mangga klik tab sunting ing dhuwur kaca lan dandani artikel kasebut.
Yèn ana artikel kang miturut panjenengan wis "dirusak" déning wong-wong kang ora tanggung jawab (isi artikel ora cocok karo irah-irahan, ngundamana, rasisme lsp.) utawa isiné kurang trep (ditulis ora nganggo sudut pandang kang netral), coba balèkaé isiné menyang versi sadurungé utawa hubungi pangurus.
[sunting] Pitakonan liyané
- Komentar, saran lan uneg-uneg bab Wikipedia: Ajokké pitakonan panjenengan ing kaca Wikipedia:Warung Kopi. Panjenengan uga bisa takon menyang pangurus liwat kaca gunemané, (cara ngirim pesen marang panganggo liyané)
- Pers:
- Pitakonan bab Wikipedia Jawa: Dèlèhké pitakonan ing Wikipedia:Warung Kopi utawa kirim pitakonan menyang milis Wikipedia Jawa
- Pitakonan saka media massa bab proyek Yayasan Wikimedia (antara liya Wikipedia, Wiktionary, Wikiquote, Wikinews, Wikimedia Commons) sacara umum bisa diajokaké liwat cara-cara kang diarahaké ing kaca iki.
[sunting] Delengen uga
- Wikipedia:Pitulung
- Wikipedia:FAQ