Kali Jordan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
River Jordan (Hebrew: נהר הירדן, nehar hayarden, Arabic: نهر الأردنnahr al-urdun) |
|
Countries | Israel, Jordan, Palestinian Authority |
---|---|
Tributaries | |
- left | Banias River, Dan River |
- right | Hasbani River, Iyon River |
Landmarks | Sea of Galilee, Dead Sea |
Length | 251 km (156 mi) |
Kali Jordan (Hebrew: נהר הירדן nehar hayarden, Arabic: نهر الأردن nahr al-urdun) kuwi kali ing Asia Kidul-kulon mili ngliwati Lembah Great Rift tumuju menyang Segara Mati. Miturut sajarah lan agama, kali iki minangka kali kang paling dianggep suci ing donya.[1]
Kali iki dawané 251 kilometer (156 mil). Anak utawa cawang kaliné (tributary) yakuwi:
- Hasbani (Hebrew: שניר senir, Arabic: الحاصباني hasbani), kang mili saka Libanon.
- Banias (Hebrew: חרמון hermon, Arabic: بانياس banias), saka sumber (spring) ing Banias ing sikilé Gunung Hermon.
- Dan (Hebrew: דן dan, Arabic: اللدان leddan), sumberé uga saka Gunung Hermon.
- Kali Iyon (Hebrew: עיון iyon, Arabic: دردره derdara or براغيث braghith), kang mili saka Libanon.
Kapapat kali mau nggabung dadi Kali Jordan ing Israel sisih lor, cedhak kibbutz Sede Nehemya. Kali iki mili mudhun kanthi cepet jroning 75 kilometer tumuju menyang dhaérah rawa Lake Hula, kang dumunung sethithik sangisoré luahing segara ing Segara Galilee. Metu saka tlaga, iliné mudhun manèh watara 25 kilometer tumuju menyang Segara Galilee. Bagéan pungkasan luwih rata, lan kali wiwit mili ménggak-mènggok sadurungé mlebu menyang Segara Mati, kang dumunung watara 400 meter sangisoré lumahing segara lan minangka segara buntu. Loro cawang kali utama mili saka wétan ing bagéan pungkasan yakuwi: Kali Yarmouk lan Jabbok.
[sunting] Referensi
- ↑ Ramit Plushnick-Masti. Raw Sewage Taints Sacred Jordan River. Associated Press. URL diakses pada 2007-04-10
[sunting] Delengen uga
- Jordan River Crossing
[sunting] Pranala njaba
- Bibliography on Water Resources and International Law See Jordan River; Arab-Israeli conflicts. Peace Palace Library
- SMART - Multilateral project for sustainable water management in the lower Jordan Valley
- The Baptism of Christ - Uncovering Bethany beyond the Jordan - 47 min Documentary