Kelinci
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
?
Kelinci |
||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
kelinci |
||||||||||
Klasifikasi Ilmiah | ||||||||||
|
Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kewan menyusui, lan tansah sapadhuluran karo Terwelu lan Pika. Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kecuali ing tlatah Antartika. Jeneng latine yaiku Oryctolagus cuniculus.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tetengering Kelinci
Kelinci bobote isa nganti 5 kilo yen dadi raja kaya, lan ing alas mung nganti 3,5 kilo. Kelinci duwe kuping dawa sing bisa dianggo ngrungokake swara saka kadohan, rupane lucu dadi bisa didadekake dolanan utawa klangenan. Kelinci uga duwe sikil sing kuwat kanggo mencolot lan awake buntek tur lucu.
Anakane kelinci biasane lair ora duwe wulu lan wuta, ora kaya anake trewelu.
[sunting] Uriping Kelinci
Kelinci ing alas biasane urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan. Kelinci liar biasane ngedhuk lemah kanggo susuhane lan ngasuh anak-anake ing kana. Uga, kelinci misuwur amarga cacah laire sing dhuwur banget. Kelinci wis isa kawin wiwit umur wulanan lan bisa meteng 31-35 dina. Anak sing dilairake isa loro nganti 12 iji.
Kelinci uga kewan sing paling enggal ngepaske kahananing alam, dadi cepet duwe anak. Ing Australi, saking akehe, kelinci wis dadi ama sing nyusahake amarga mangani asil kebuning para tani ing kana.
[sunting] Pakan
Kelinci kalebu herbivora utawa mangan tetanduran. Ing peternakan, kelinci saliyane dipakani tetanduran, dheweke uga dipakani pelet lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kewan iki. Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggalane apik kanggo uripe kelinci.
[sunting] Jenising Kelinci
Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana sing jenis bunthut kapas, angora, nganthi ana sing wulune dhawa. Ing Indonesia, kelinci akeh-akehane diimpor saka negara manca.
[sunting] Kelinci ing uriping manungsa
Kelinci biasane didhadekake kewan raja kaya, kanggo pakan, nganthi dhadi klangenan. Kelinci sing didhadekake panganan biasane ndhuwe ukuran sing gedhe, lan sing dadi klangenan biasane ndhuwe wulu sing apik. Panganan saka dhaging kelinci sing paling misuwur yaiku sate kelinci.
- Balik ing : Sato Kewan