Kothak, wayang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kothak iku wadah kanggo nyimpen wayang. Digawe saka kayu, kadhang diukir dadi katon artistik.Kothak wayang kang apik adate digawe saka kayu suren, dudu kayu jati. Bahan kanggo gawe kothak iki saka kayu suren jalaran kayu suren iku ora ngandhut minyak, kang bisa gawe cepet rusake wayang. Yen kothak wayang digawe saka kayu jati, adate wayang cepet rusak utawa gampang luntur pradane, amarga kayu jati kuwi ngandhut lenga kang akeh.
Saliyane kanggo nyimpen wayang kira-kira cacah 200 iji, kothak uga kanggo perangkat pagelaran liyane antarane kelir, cempala, lan kepyak. Ing sajroning kothak uga ana kang disebut eblek. Eblek iku dagawe saka nam-naman pring sing ukurane luwih cilik saka kothak. Eblek biasane dibungkus nganggo kain sing warnane abang utawa ireng. Gunane eblek iki ora liya kanggo matesi tumpukan wayang siji lan sijine.
[sunting] Ukuran
Umume ukuran dimensi kothak dawane kira-kira 150 Cm, ambane 80 Cm lan dhuwure 60 Cm.