Laler
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Laler kalebu cacahing serangga, lan ordo Diptera. Laler akeh jenise, kayata :
- Laler uwoh
- Laler omah
- Laler ijo
Rong jenis laler: laler omah lan laler ijo paling lazim ing uriping manungsa. Sing paling gedhe yaiku laler ijo. Loro-lorone mangan lan urip ing saubenging manungsa, nularakake rupa-rupa penyakit lan uripe kemproh tur jorok. Penyakit sing biasane ditularke laler yaiku :
- Tipes
- Muntaber
- Kolera
- Disentri
Lan sapanunggale.
Laler biasa ngendhog ing sampah-sampah utawa bathang, lan anake diarani blathung. Nanging ing negara-negara landha, blathung wis akeh dianggo dhadi obat, utamaning ngobati penyakit-penyakit saka bakteri soale blatung mung mangan barang bathang wae.
- Balik ing : Sato Kewan