Ma lima
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ma lima iku wewaler lima kang wigati kudu dipingkuri. Ma kang kasebut iku dijupuk saka aksara Hanacaraka. Ma lima iku:
- Madhat - kulina migunaake candhu.
- Madon - dolanan wong wadon utawa zina.
- Main - laku seneng main kertu nganggo totohan dhuwit.
- Minum - seneng mendhem kakehan ngombe inuman, mabuk-mabukan
- Maling - ngelakoni colong jupuk duweke liyan.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.