Museum Wayang
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Museum Wayang iku sawijining museum kang mamerake maneka warna wayang lan boneka. Barang-barang iku ana sing seka Indonesia lan manca negara.
Museum kang manggon ing Jalan Pintu Besar Utara Nomor 27, Jakarta Kulon iku maune De Oude Hollandsche Kerk ("Gereja Suwe Walanda").
Museum Wayang resmi digunaake 13 Agustus 1975.
Nganti saiki, museum iki nyimpen luwih seka 4.000 wayang, seka wayang kulit, wayang golek, wayang kardus, wayang suket, wayang janur, topeng, boneka, lan gamelan.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.