Nelson Mandela
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Urutan | Présidhèn Afrika Kidul kaping 11 |
---|---|
Présidhèn saka | 27 April 1994 – 14 Juni 1999 |
Wakil Présidhèn | Frederik Willem de Klerk Thabo Mbeki |
Pendahulu | Frederik Willem de Klerk (Présidhèn Negara untuk Afrika Selatan) |
Pengganti | Thabo Mbeki |
Wiyosan | 18 Juli 1918 (umur Cithakan:Age) Mvezo, celak Mthatha, Eastern Cape, Persatuan Afrika Kidul |
Partai politik | ANC |
Nelson Rolihlahla Mandela (miyos ing Mvezo, 18 Juli 1918) dipunkenal ing saindhenging donya dados pejuwang kamardikan amargi kegiyatan antiapartheidipun lan salajengipun dados Présidhèn Afrika Kidul. Mangsa alitipun dipuntelasaken ing Thembu salajengipun miwiti karir ing bidang hukum.
Panjenenganipun ugi kagungan asma kinurmatan saking klanipun inggih punika Madiba.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kagesangan
Dipunwiyosaken ing Mvezo, Transkei tanggal 18 Juli 1918, Rolihlahla Mendela salajengipun pindhah ing Qunu ngantss yuswa 9 taun. Panjenenganipun ingkang sepisanan saking kulawarganipun ingkang sekolah. Panjenenganipun ugi pikantuk asma Nelson saking gurunipun tiyang Metodis. Ing yuswa 16 taun, panjenenganipun mlebet Clarkebury Boarding Institute nyinaoni kabudayan kilén.
Ing taun 1934, panjenenganipun miwiti program B.A. ing Fort Hare University, lan pepanggihan kaliyan Oliver Tambo ingkang dados réncang lan koleganipun ingkang setya. Sasampunipun nentang kabijakan universitas lan disuwun medal, panjenenganipun pindhah dhateng Johannesburg lan nglajengaken kuliahipun ing University of South Africa sasampunipun mendhet jurusan hukum ing University of the Witswatersrand.
[sunting] Palakrama
Palakrama sepisanan Mandela kaliyan Evelyn Ntoko Mase pungkasanipun pegatan taun 1957 sasampunipun 13 taun. Plakramanipun kaliyan Winnie Madikizela ingkang lumampah 38 taun, pungkasanipun ugi pegatan taun 1996. Ing tanggap warsanipun kaping 80, Mandela krama kaliyan Graça Machel, randhanipun mantan Présidhèn Mozambik Samora Machel, ingkang ugi setunggaling rencang ANC.
[sunting] Politik
[sunting] Dados Aktivis
Nelson Mandela tumut African National Congress (ANC) saking taun 1942.
Amargi kagiyatanipun ingkang antiapartheid, panjenenganipun nglampahi sapérangan mangsa paukuman. Tanggal 5 Agustus 1962, Mandela dipuncekel lan dipunkunjara ing Johannesburg Fort salajengipun tanggal 25 Oktober 1962, panjenenganipun dipunukum 5 taun kunjara lan ing tanggal 12 Juni 1964, panjenenganipun lan saklompok aktivis sanèsipun dipunukum kunjara sayuswaning gesang.
Sasampunipun nampik pambebasan kanthi syarat ngendhegaken perjuwangan bersenjata ing wulan Februari 1985, Mandela manggèn ing kunjara ngantos dipunbebasaken tanggal 11 Februari 1990 amargi préntahipun Présidhèn Frederik Willem de Klerk sasampunipun dipunteken déning saindhenging donya.
Mandela lan de Klerk pikantuk hadhiah Nobel Perdamaian taun 1993
[sunting] Présidhèn
Nelson Mandela njawat Présidhèn Afrika Kidul sekitar 5 taun (Mei 1994 - Juni 1999) sasampunipun menangaken Pemilu lan dados Présidhèn kulit cemeng sepisanan kanthi de Klerk dados Deputi Présidhèn.
Masalah AIDS dados sumber kuciwaning kathah tiyang lan keduwungipun Mandela amargi ing wekdal pamréntahanipun, panjenenganipun kirang migatosaken masalah puniki. Putranipun , Makgatho Mandela, séda amargi AIDS tanggal 6 Januari 2005.
Pendahulu: Frederik Willem de Klerk |
Présidhèn Afrika Kidul 1994–1999 |
Pengganti: Thabo Mbeki |
Wikiquote basa Inggris gadhah kolèksi kutipan ingkang wonten gandhènganipun kaliyan Nelson Mandela
Artikel prakawis biografi tokoh puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |