Tari Beskalan Putri Malangan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Tari Beskalan Putri iki asline saka Malang. Tarian iki mulai diweruhi pramila taun 1930an, nalika asal ukarane saka "Bakalan". Penandhake biyen wong lanang sing diarupaake kaya wong wadon.
Tarian iki egol-egole padha karo Tari Ngremo, nanging luwih alus, lan klambine uga luwih ngwadoni.
Ciri-cirie yaiku :
- Nganggo sanggul lan cundhuk menthul kaya penari Gambyong
- Nganggo kemben lan ilat-ilatan karo kalung sing dadi pemanise.
- Nganggo clana model Topeng Malangan
- Nganggo kaos kaki putih karo gongseng
- Nganggo sampur sing disampirno ning pundhak.
Tarian iki fungsie uga padha, yaiku dadi pambukaning seni Ludruk, utamane ing Malang. Nanging saiki ya dadi tarian penyambut tamu kanggo wong-wong luar sing sowan ning Malang.