Wikipedia:Kothak njajal
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Neng wulan Agustus 2007 sing wis kepungkur, 23 Agustus 2007, bocah SMA Negeri Ajibarang pada melu lomba "mengarang" tingkat SMA/SMK se-kabupaten Banyumas. Pengestune bocah-bocah ngkana ana sing bisa menang dadi Juara Siji. Sing nganakna UPT Perpustakaan kabupaten Banyumas. Jenenge bocah Novia Anggi Saputri, kelase XI IA 2. Ora ngira nek bocah ndesa ana sing bisa gawe cerita cendhek, lan bisa menang.
Ana siji maning sing menang. Nanging sing kiye lomba sinopsis, utawa ngringkes wacan. Sing mung diwei wektu kurang lewih rong jam. Kuwe ya bisa melu dadi juara ketelu tingkat SMA/SMK se-kabupaten Banyumas. Kuwe dianakna tanggal 24 Agustus 2007. Jenenge bocah Cici Priyatin, kelase XI IA 2. Hadiaeh loro-lorone piala lan piagam sekang penjenengane Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyumas.
Moga-moga ya ana liyane sing berprestasi.