Tayuban
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Tayuban ialah salah siji seni tari masyarakat Jawa termasuk juga masyarakat nang wilayah Banyumasan. Tarian kiye malah dikenal juga nang masyarakat Nusantara liyane ning corak utawa versine mandan sejen.
Tayuban digelar sebagai bagian upacara-upacara sakral sing berhubungan karo kesuburan (kesuburan perkawinan lan kesuburan pertanian/lemah). Nang daerah tertentu tarian kiye digelar sebagai bagian upacara pembersihan (bala utawa malapetaka) juga biasa digelar nang upacara-upacara penyembutan tamu agung, sedekah desa, sedekah bumi, khitanan, perkawinan lan liya-liyane.
Jaman gemiyen tarian kiye duwe nilai hiburan lan sensual sebab tarian kiye sebagai perlambang keakraban hubungan wong lanang (Pengibing karo wong wadon (Ronggeng). Mulane ana sing duwe anggepan nek Tayuban kiye asal katane sekang Tayub (ditata guyub), guyub antara wong lanang karo wadone.
Nang daerah tertentu penari wadone nggawa Sampur utawa Selendang, mengko selendange diwehna ming wong lanang (ketiban sampur), lha sing nerima Selendang kuwe olih kehormatan menari bareng penari wadone.
mBalik ming: