Basa Sundha
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Sunda (Basa Sunda) | |
---|---|
Dipituturake ing: | Jawa Barat, Banten (Indonesia) |
Cacahe Penutur: | 24 yuta |
Ing donya urutan ping: | ? |
Rumpun Basa Klasifikasi: |
Austronesia Melayu-Polinesia |
Status Resmi | |
Basa Resmi ing: | (Jawa Barat) |
Diatur dening: | |
Kode Basa | |
ISO 639-1 | su |
ISO 639-2 | sun |
SIL | SUN |
Basa Sundha dipituturake dening kurang luwih 24 yuta jiwa, lan basa nomor loro sing dhuwur dhewe ing tlatah Indonesia. Basa iki dipituturake ing bageyan kulon pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah pantura sisih kulon. Ing pantura basa Jawa sing dipituturake.
Ing Jawa Tengah, basa Sundha uga dipituturake ing tlatah Cilacap, utamane ing kecamatan Dayeuh Luhur.
Amarga kena pangaruh budaya Jawa, dadi ing Basa Sundha uga ana undak-usuk utawa gradasi babasan. Wiwit saka Basa Cohag atawa kasar pisan nganti Lemes pisan sing padha karo Krama.
Dialek Bahasa Sunda uga akeh, pramila saka dialek Sunda Banten, nganthi dialek Sunda ing Jawa Tengah, piwates ing Bantarkawung, Brebes lan diwatesi basa ing Kali Pemali, sing mila kecampur karoBahasa Jawa. Nanging basa baku sing bisa ditampi karo sakabehe penutur Basa Sunda sing asaling saka dialek Kota Bandung, utawa kerep disebut basa sakola jaman mbiyen.