Budaya Jawa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Budaya Jawa iku ngutamaake keseimbangan, keselarasan karo keserasian. Kabeh unsur (urip lan mati, alam lan makhluk urip) kudu harmonis, saling berdampingan, tegese kabeh kudu cocok lan rukun, sing isa nimbulake lan ngganggu keseimbangan, keselarasan karo keserasian misale ora cocog, ora akur, ngganggu harmoni iku kudu dihindari, yen timbul masalah-masalah sing isa ngganggu keseimbangan iku kudu cepet digenahke ben kabeh mbalik harmoni maneh, mbalik cocok maneh. Umume sing biasa ngganggu keseimbangan yaiku saka tingkah polah menungsane, isa menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Yen polah menungsa karo alam, sing nggenahake maneh umume dipimpin utawa dadi tanggungjawab pimpinan masyarakat.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis maju merga wis dibangun wiwit awal jaman Masehi, malah sedurunge (ing akhir jaman prasajarah) wis ana budaya-budaya sederhana sing urip neng tlatah Jawa. Ing abad-abad awal Masehi, budaya Jawa dipengaruhi budaya Hindu lan Buddha, salah siji budaya saka jaman iki sing esih urip yaiku kepercayaan kejawen.
[sunting] Sub Budaya Jawa
[sunting] Jawa Wetanan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Seni lan Budaya Jawa Wetan
Sub budaya Jawa Wetanan iku sing umume ana ing provinsi Jawa Wetan. Sub budaya iki sebageyan dipengaruhi budaya Madura lan sebageyan maneh esih nganut budaya Jawa kuna misale sing dianut suku Tengger.
[sunting] Jawa Tengahan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Seni lan Budaya Jawa Tengah
Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wetan provinsi Jawa Tengah lan sisih kulon Jawa Wetan. Umume dipengaruhi budaya sing urip neng kratonan.
[sunting] Jawa Banyumasan
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Seni lan Budaya Banyumasan
Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih sederhana lan nganut nilai-nilai egaliter, cablaka lan baworan.
[sunting] Tradisi lan Adat
[sunting] Liyane
[sunting] Pranala Jaba
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).
Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.
Kategori: Budaya | Jawa | Budaya Jawa