Candhi Pawon
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Candi Pawon iku candhi kang manggon ing antarane Candhi Barabudhur lan Candhi Mendut. Yaiku, 1750 meter seka Barabudhur lan 1150 meter seka Candhi Mendut. Candhi iki wiwit dipugar ing tahun 1903. Durung ana sing bisa mestheake ngapa kok jenenge Pawon.
J.G. de Casparis ngira-ira yen Pawon iku seka basa Jawa Awu lan entuk ater-ater (awalan) pa lan panambang (akhiran) an kang ngrujuk teges panggonan awu. Mula saka kuwi, arkeolog iki nganggep candhi iki mbiyene kanggo ngobong jisim (mayit) dadi awu. Yen dideleng seka panggonane, candhi iki ana ing desa Brojonalan (Brajanalan) kang bisa dirujuk ing basa Sansekerta vajra kang tegese bledheg lan anala sing artine geni.
Ing njero candhi ora ditemoake reca. Sing bisa digateake ing candhi iki yaiku ukiran-ukirane. Ing tembok njaba ana relief wit Kalpataru kang diapit pundhi-pundhi lan kinara-kinari (makhluk kahyangan, sirahe manungsa awake manuk).
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.