Basa Jawa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Jawa, Basa Jawi | |
---|---|
Dipituturaké ing: | Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru |
Cacah Panutur: | 80 yuta |
Ing donya urutan ping: | 11 |
Rumpun Basa Klasifikasi: |
basa Austronesia basa Melayu-Polinesia |
Status Resmi | |
Basa Resmi ing: | Hindhia-Walanda (Jawa) |
Dijabel wiwit taun: | 1942 |
Kodhe Basa | |
ISO 639-1 | jv |
ISO 639-2 | jav |
SIL | JAN, JVN, JAS, OS, TES |
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapulowan sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar mulai pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Saliyané iku, basa iku kasebar ning Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Baru. Saliyané kuwi Basa Jawa ya dituturake ing Malaysia, Sumatera nganti Irian Jaya.
Basa Jawa ya dadi salah siji panyumbang paling gedhé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa iku nduwé pangaruh tinimbang basa-basa liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo istilah Jawa.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Bubuka
Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra serta Kalimantan.
Basa Jawa dipituturaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijining basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasustran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
- Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9
- Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13
- Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16
- Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo mawa umum)
Basa Jawa iku ditulis mawa aksara Jawa, (salah sijining keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin.
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa iku basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dipituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Enam saka limang presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana apa sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).
[sunting] Fonologi
Foném basa Jawa modhèrn lan baku iku:
Swara:
Ngarep | Tengah | Wuri |
i | u | |
e | ə | o |
(ɛ) | (ɔ) | |
a |
- Pangucapan swara-swara iki rada njlimet. Ciri utama iku yèn ing basa baku Matraman, /a/
ing wanda mawa posisi buka ing posisi pungkasan lan sadhurungé pungkasan, diucapaké kayadéné [ɔ]
.
Konsonan (Wyanjana):
Labial (Osthya) | Dèntal (Dantya) | Alveolèr | Retrofleks (Murdhanya) | Palatal (Talawya) | Vélèr | Glotal (Kanthya) | |
Eksplosif | p b | t d | ʈ
ɖ
|
tʃ
dʒ
|
k g | ʔ | |
Sibilan | s | (ʂ
) |
h | ||||
Ardhaswara | w | l | r | j | |||
Sengau | m | n | (ɳ
) |
ɲ | ŋ |
Pènget: Foném antara tandha kurung iku alofon.
[sunting] Dhalek-dhialek Basa Jawa
Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :
- ngoko
- madya
- krama
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
- bagongan (dianggo neng kraton ngayogyakarta adiningrat)
- kedhaton (dianggo neng kraton surakarta adiningrat)
- basa walikan (basa jawa prokem)
inggih punika basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan honocoroko. contone : Dagadu ( artine matamu), Jape methe (artine cahe dewe), lsp.
Saliyane kuwi, ana dialek sing didasarke tlatahe lan ora sekabehe dhialek Jawa kuwi dimangarteni karo kabeh wong Jawa. Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa : E.M. Uhlenbeck, 1964, ing bukune A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura, The Hague: Martinus Nijhoff, dikelompo'ake dadi 3 (telu) rumpun yaiku :
- Rumpun basa Jawa kulon :
- Dialek Banten (utawa Jawa Serang)
- Dialek Cirebonan (Indramayu-Cirebon)
- Dialek Tegal (Brebes nganti Pemalang)
- Dialek Banyumasan (Purwokerto, Cilacap lan Banyumas)
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
- Rumpun basa Jawa Tengah :
- Dialek Pacitan
- Dialek Pekalongan
- Dialek Semarangan
- Dialek Kedu
- Dialek Surakarta
- Dialek Yogyakarta
- Dialek Madiun
- Dhialek Pantai Utara Timur (Jepara, Rembang, Kudus, Grobogan)
- Dialek Blora
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.
- Rumpun basa Jawa wetanan :
- Dialek Tuban-Bojonegoro
- Dhialek Surabayaan
- Dialek Malangan
- Dhialek Lumajang
- Dialek Tengger
- Basa Osing Banyuwangen
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran.
[sunting] Sastra lan Tata Basa Jawa Pepak
- Sastra Jawa
- Aksara Jawa
- Paribasa lan Saloka Jawa
- Bausastra (Kamus)
- Ejaan
- Etungan
- Penacat
- Penyandra
- Pisuhan
- Takeran
- Pulasara
- Pranata Cara
[sunting] Mugi mirsani
- Basa Jawa Ngoko - Basa Inggris saka basa Jawa ngoko andhap tumuju basa Inggris
- Basa Jawa - Basa Indonesia
- Basa Jawa Pepak
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.