Dhialek Surabayaan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa jawa ingkang ngagem dialek Surabayan mboten ngagem basa krama, amargi sampun radi kecampur sareng basa madura. Bab menika ingkang ndadosaken dialek surabayan radi mirip sareng dialek Basa Madura.
Boso Jawa iku akeh banget coro omonge. Molae teko pucuk kulone Jowo yoiku, Banten nganthek pucuk etane Jowo, sing arane Basa Osing (teko kata sing sing artine ora). Wong-wong sing ngomong Jowo iku akeh banget ono nang ndhi-ndhi, saliyane ndhik Pulo Jowo ae, ono wong Jowo sing kesebar nok daerah-daerah transmigrasi. Propinsi Lampung iku mayoritas penduduke asal Jowo sing digowo Londho gae mbukak perkebunan lan transmigrasi. Saliyane iku ono ndhik daerah Sumatera liyane, koyok ndhik Bengkulu, Sumsel, Riau, Tanah Deli (Sumatera Utara), malah sampek Nanggroe Aceh Darussalam.
Masiyo ngono, sik ono maneh wong sing omong Jowo saliyane ndhik Indonesia. Yoiku ndhik Kaledonia Baru, Curacao, Malaysia, lan Suriname malahan ono sing nyampek Guyana Perancis tonggoane Suriname.
Khusus gae coro Suroboyoan. Coro iki dituturnao nang daerah kota Surabaya lan sa'ubengane. Boso iki tergolong kasar, egaliter lan gak pate'o ngenal undhak usuk boso. Masyarakate soale urip nang pesisir sing adhoh teko pusat kebudayaane Jowo.
Boso Jowo Suroboyoan iki krungune kasar tapi lucu. Akeh pengaruh Medhuro ndhik coro iki. Jowo Suroboyoan iki yo terkenal ambek pisuanne sing kasar, dhadi nek wong Jowo opo maneh sing asale teko' kulon (bangsane Medhiun ngantek Jawa Tengah) mestine ya gak pathe' ngerti opo malah kroso ceghek ambek pisuanne wong Jawa Timuran soale coro iki dianggep paling kasar diantarane kabeh coro Jawa. Siji ngkas, Boso Jowo Suroboyoan iki bedhane ambek Boso Jowo Standar nuthuk 60% lan bedhane antara Ngoko ambek Kromo yo gak jelas.
Seni Ludruk sing asli Jawa Timur akeh-akehane yo nggae Boso Jowo Suroboyoan utowo Jowo Etanan. Daerah sing nggae boso etanan iki, yoiku daerah etan Kali Brantas ndhik Kertosono seseh etan, Jombang, Mojokerto, Lamongan, Gresik, Malang, Pasuruan, nganthek Jember.
Boso Jowo coro etanan iki mau yo sik onok variasene maneh. Ndhik Malang onok kosakata sing nggak ditemokno ndhik coro Suroboyoan.
Contoe iki lho rek :
- ojir artine dhuwit
- idrek artine gawean
- wanyik ungkapan gae nek ndhelok hal-hal sing apik, ayu opo seksi.
Malang yo ndhuwe boso slang sing diarani Boso walikan, boso iki ambekan wis dadi ciri khase Malang.
Boso Jowo Suroboyoan iki molae taun rong ewu telu (2003) dipopulerno maneh ambek salah siji Televisi swasta lokal sing siaran ndhik Suroboyo yoiku JTV. Acara-acarane JTV sing nggae coro Suroboyoan iki yoiku :
- Pojok Kampung Awan (jam 13.00-13.30 WIB) kecuali dino Minggu
- Pojok Kampung (jam 21.00-21.30 WIB) kecuali dino Minggu
- Kuis RT/ RW (jam 14.00-14.30) ben dino Minggu
- Pojok Perkoro (jam 22.00-22.30) ben Sabtu bengi
- Cangkrukan (jam 21.00-22.00) ben dino Minggu
- Acara-acara Parikan
Program acara iku mau digae nglestarekno boso Jowo Suroboyoan sing egaliter masiyo tetep kudu nggathekno undhak-usuke boso.
Iki lho contoe rek:
- Yok opo kabare? = Kepriye kabare?
- Koen = Kowe
- Sampeyan, peno, awakmu = sampeyan, njenengan
- Peno ate nang ndhi? = Sampeyan arep nyang ngendhi?
- embong = dalan, ratan
- tekok = seko, soko
- mathek = mati
- Opo'o? = punapa, geneya?
- sithuk = siji
- Wis teko thA areke? = wis tekan tho bocahe?
- Wis tekoA areke? (coro Malangan)
Ndhik Suroboyoan, kromo ambek ngoko kadang bedhane gak jelas , koyok ngene :
- Yok nopo sampeyan iki Pak? = Kepripun tha panjenengan niki?
Coro iki mau wis dianggep alus lan sopan.
- Opo'o dialusna ndhik Surabaya dhadi Nopo'o
Cara lafale Boso Jowo coro Suroboyoan utowo etanan iki yo rodhok bedho ambek Jowo Baku. Ono tenger-tenger sing iso didadekno conto.
- Pithik --> Ndhik Jowo Baku kewoco pite' , tapi nok Jowo Etanan kewoco pete'
- Udhut --> kewoco udot ndhik Jowo Baku, tapi kewoco odhot ndhik Etanan.
Balik ing : Basa Jawa