Jalur gunung geni donya
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bab lan Paragraf |
[sunting] Prakata
Jalur gunung geni donya iku panggonan-panggonan sing dadi jalur gunung geni ing donya. Jalur iki umume ana ing patemon-patemon lempeng tektonik sing saling dhesak. Panggonan patemon lempeng tektonik iku ana sing nang ngisor permukaan laut uga ana sing nang dharatan. Kabeh ing sekitar wilayah pertemuan iku nyebabake timbul gunung-gunung geni.
Luwih separo gunung geni ing bumi iku anane ing wilayah pasifik sing mbentuk lingkar gunung geni pasifik utawa (basa Inggris) Ring of fire. Udakara 90% kedaden lindhu donya iku anane ing lingkar gunung geni pasifik iki.
Jalur gunung geni liyane yaiku sabuk Alpide lan Mid-Atlantic Ridge ning loro sing pungkasan iku wilayah cakupane lewih cilik dibandhing lingkar gunung gani pasifik.
[sunting] Jalur Gunung Geni Donya
- Ring of fire
- Sabuk Alpide
- Mid Atlantic Ridge
[sunting] Bencana-Bencana ing sekitar Jalur Gunung Geni Donya
- Gunung njeblug
- Lindu vulkanik ning amargi ing jalur gunung geni iku uga umume dhempet kaliyan enggon pertemuan lempeng tektonik dadi lindu tektonik uga umum kedadaen
- Tsunami, iki nek lindune utawa gunung njeblug-e ing segara
- Megatsunami, iki arang kedaden.
[sunting] Indonesia Pusat Pertemuan Jalur Gunung Geni Donya
Indonesia iku termasuk sing dadi pusat-pusat jalur gunung geni donya iku, utamane lingkar gunung geni pasifik (ring of fire) lan sabuk alpide (alpide belt).
mBalik ing: