Lempeng tektonik
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
[sunting] Prakata
Lempeng tektonik iku bagian-bagian kerak bumi sing ngambang ing dhuwur lapisan lembek (kaya es krim) sing umum diarani astenosfer. Bagian-bagian lempeng iku masing-masing bergerak bebas, bisa saling gesek utawa saling desak. Gesekan utawa surung-surungan ing antare lempeng iku sing umum gawe lindhu tektonik.
Teori lempeng tektonik iki dimunculke Alfred Wegener ing bukune The Origin of Continents and Oceans (1915) sing nyebut nek lempeng-lempeng sing gawe kerak bumi iku sakjane ngambang ing dhuwur lapisan lembek tur obah terus-terusan (Teori continental drift), bates masing-masing lempeng iku tandane yaiku ing jalur gunung geni donya.
Lempeng tektonik iku wujude ana 2 yaiku kerak samudra lan kerak benua sing loro-lorone mbentuk kerak bumi.
[sunting] Lempeng-Lempeng Tektonik
Ana 7 lempeng tektonik utama sing mbentuk kerak bumi yaiku:
- lempeng Afrika
- Antartika
- Australia
- Eurasia
- Amerika lor
- Amerika kidul lan
- Pasifik
Saliyane iku isih ana lempeng-lempeng liya sing luwih cilik antarane:
- Cocos
- Nazca
- India
- Bismarck
- Carolina
- Filipina
- Juan de Fuca
- Karibia
- Arab
- Skotia
- lan liya-liyane
[sunting] Patemon Antar Lempeng Tektonik
Ana telu wujud patemon utawa interaksi antar lempeng-lempeng tektonik yaiku:
Sing ndrawasi iku sing konvergen.