Kinanthi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Metrum
Kinanthi kaangit seka nem gatra (larik) saben pada (bait).
- 8-u
- 8-i
- 8-a
- 8-i
- 8-a
- 8-i
[sunting] Tuladha
[sunting] Tuladha 1
- Anoman mlumpat sampun
- praptêng witing nagasari
- mulat mangandhap katingal
- wanodyâju kuru aking
- gelung rusak awor kisma
- ingkang iga-iga kêksi
- (Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura)
[sunting] Tuladha liya
- Pitik tulak pitik tukung
- Tetulake Jabang bayi
- Ngedohaken cacing racak
- Sarap sawane sumingkir
- Si tulak manggung ing ngarso
- Si Tukung ngadhangi margi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
|
Mijil | Sinom | Dhandhanggula | Kinanthi | Asmarandana | Durma | Pangkur | Maskumambang | Pucung |
|
Jurudemung | Wirangrong | Balabak | Gambuh | Megatruh |
|
Girisa |